Blogger Widgets

Selasa, 14 Juni 2011

Raden Gatotkaca

Raden Gatotokaca raja putra Pringgondani,babaran tinjo mayatau tate duta srayane para dewa. Satriya kang sekti mandraguna,otot kawat,balung wesi,akulit tembaga,sungsum genggala. Adriji gunting ,adhengkul paron. ngagem kotang Antrakusuma,ngagem caping basunanda,miwah ngagem cripu Paduka carma. Bisa mabur tanpa elar,bisa mlethik tanpo suthang. Satriya teguh timbul,sakti mandraguna,tan tedhas tapak paluning pandhe miwah sisaning gurinda. Ngagem caping basunanda,yen panas datan kepanasan,yen udan datan kejawahan. Ngungkuli lemah sangkar miwah angker kalis ing sambekala. Ngagem tesmak suryajanta,yen den watek netranya lir baskara kembar                         

                                                                          

Tidak ada komentar:

Posting Komentar